InstaInfo
Select Menu
  • Home
  • Kategori
    • Tips Dan Triks
    • Pengetahuan
    • Komputer
    • Android
  • Sitemap
  • About Me
  • Facebook
Home » Pengetahuan » Tips Dan Trik » Macam-macam upacara adat jawa

Wednesday, June 22, 2016

Macam-macam upacara adat jawa

Unknown
2 Comments
Pengetahuan, Tips Dan Trik
Wednesday, June 22, 2016
Macam-macam upacara adat jawa

 















1.)Ngupat
Ngupat utawa ngupati iku salah sijining upacara adat sing dianakaké wektu calon ibu mbobot 4 sasi. Tembung "ngupat" asalé saka tembung papat (4) utawa kupat. Ancasé upacara adat iki kanggo kaslametané calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sifaté tolak bala dadi padha karo upacara adat mitoni. Sing radha bedha karo upacara adat meteng liyané ya iku ana sajian kupat ing kendhuren ngupati, kupat iki uga disertakaké ing bèsèk sing digawa bali undangan sing hadir.
Makna
Ngupat sejatiné kanggo pralambang yèn jabang bayi wis mlebu ning tahap kaping papat ning proses pangriptané manungsa.
Wektu
Upacara adat ngupat kudu diselenggarakaké ning dina sing apik miturut petungan dina Jawa.
      2.)Mitoni
Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti mbengi.
Rangkeyan Acara Rantaman adicara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutan yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ing njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan nglebokake cengkir klapa gadhing, medhot lawe utawa lilitan benang janur, mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan kendhuri kendhuren.
Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep. Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan ‘purnamasidhi’.
Tata Carane
Ma­sa­ra­kat Ja­wa tan­sah ora uwal sa­ka ta­ta­ca­ra adat tra­dhi­si. Apa ma­neh kang ge­ga­yut­an ka­ro sang­kan pa­ra­ning ma­nung­sa. Wi­wit ma­nung­sa ana nje­ro kan­dhu­tan ngan­ti ma­nung­sa su­rut ing ka­se­ban ja­ti, tan­sah di­iring kan­thi adat tra­dhi­si kang di­ge­lar ing wa­yah tar­tam­tu.
De­ne ta­ta­ca­ra lan upa­ca­ra tra­dhi­si kang di­ge­lar na­li­ka sa­wi­ji­ning wa­ni­ta la­gi ngan­dhut du­we pa­nga­jab su­pa­ya ibu lan anak utawa wiji dadi kang di­kan­dhut tan­sah wi­lu­jeng nir sam­bi­ka­la. Pa­nga­jab li­ya­ne, ba­yi kang di­lai­ra­ke mbe­su­ke bi­sa an­tuk ka­beg­jan uri­pe.
Ma­ne­ka ta­ta­ca­ra di­la­ko­ni na­li­ka kan­dhu­tan wi­wit umur te­lung sa­si ana wi­lu­je­ngan ut­awa se­la­me­tan ni­gang wu­la­ni, pe­tang sa­si, li­mang sa­si, enem sa­si, pi­tung sa­si kang di­se­but mi­to­ni, sar­ta sang­ang sa­si kang di­se­but pro­cot­an.
Mi­tu­rut Pra­se­tyo Adi Wis­nu Wi­bo­wo, dho­sen Sas­tra Dae­rah FSSR UNS So­lo, kang­go nja­ga su­pa­ya ja­bang ba­yi bi­sa sla­met na­li­ka ing kan­dhu­tan ngan­ti wan­ci­ne lair, wong Ja­wa nglek­sa­na­ka­ke ma­ne­ka war­na wi­lu­je­ngan. Ma­ne­ka upa­ca­ra tra­dhi­si lum­rah di­la­ko­ni jro­ning cak­ra mang­gi­ling­an uripe ma­nung­sa Ja­wa na­li­ka wa­ni­ta la­gi ngan­dhut wi­wit umur kan­dhu­tan se­sa­si ngan­ti sang­ang sa­si.
“De­ne na­li­ka umur kan­dhu­tan wus ngan­cik pi­tung sa­si, di­ada­ni upa­ca­ra sla­me­tan kang di­se­but mi­to­ni ut­awa ting­ke­ban. Mi­to­ni iki di­la­ko­ni de­ning wong Ja­wa mli­gi­ne na­li­ka wa­ni­ta la­gi ngan­dhut kang ka­pis­an ut­awa mbo­bot tem­be­an,” ujare Pra­se­tyo, ing an­dhar­ane jro­ning sa­wi­ji­ning pi­rem­bu­gan ing FSSR, sa­we­ta­ra wek­tu ka­pung­kur.
Upa­ca­ra mi­to­ni ut­awa wi­lu­je­ngan pi­tung wu­lan­an iki lum­ra­he ngang­go uba­ram­pe kang di­se­dhi­ya­ni de­ning ku­la­war­ga wa­ni­ta kang nem­be ngan­dhut. Uba­ram­pe sla­me­tan nglim­pu­ti se­kul ja­ngan­an, je­nang ab­rit, je­nang ba­ro-ba­ro, ja­jan pa­sar lan sri­yat­an kang gi­na­we sa­ka wi­jen, dhe­le, ka­cang kang ka­gang­sa ing gen­dhis. Sa­li­ya­ne iku uga ceng­ka­ruk tim­bal, pe­nyon, pring sa­dha­pur lan tum­peng rob­yong kang aru­pa tum­peng di­cem­plung­ake ing ce­thing, di­we­ne­hi iwak ke­bo lan en­dhog god­hog, ge­reh, kru­puk. Uba­ram­pe li­ya­ne awu­jud ja­ngan­an men­tah ka­ya­ta lom­bok, te­rong, ja­ngan­an lan sa­we­ta­ra ji­nis kem­bang-kem­bang­an. Tum­peng ja­ngan­an di­ga­we ca­cah pi­tu di­jang­ke­pi pi­tung iji apem con­thong.
Jro­ning upa­ca­ra mi­to­ni iku uga ana ta­ta­ca­ra gan­tos pe­ngang­gen ngan­tos ka­ping pi­tu kang sa­ban­ju­re di­se­but ting­ke­ban. Nut Se­rat Ta­ta­ca­ra ang­git­ane Ki Pad­ma­su­sas­tra, upa­ca­ra ting­ke­ban iki di­lek­sa­na­ka­ke na­li­ka tang­gal gan­jil tan­pa ngli­wa­ti pur­na­ma (sa­du­ru­nge tang­gal 15, upam­ane tang­gal 3, 5, 7, 9, 11, 13 lan 15). “Upa­ca­ra mi­to­ni ut­awa ting­ke­ban di­ada­ni ja­lar­an nu­rut ka­pre­ca­ya­ne wong Ja­wa, ba­yi ing kan­dhu­tan na­li­ka umur pi­tung wu­lan wis di­pa­ringi nya­wa de­ning Pa­nge­ran. De­ne ri­tu­al ba­ku jro­ning upa­ca­ra mi­to­ni ya­ku­wi si­ram­an lan gan­ti bu­sa­na ngan­ti ka­ping pi­tu,” ujare Pra­se­tyo.
Ta­ta Ca­ra Si­ram­an
Ta­ta car­ane si­ram­an, ing pa­pan kang wus di­tem­to­ka­ke di­ce­pa­ka­ke jem­bang­an wa­dhah ba­nyu kang wus di­we­ne­hi kem­bang se­tam­an. Ba­nyu kang wus di­we­ne­hi kem­bang se­tam­an ku­wi di­ang­go si­ram­an wa­ni­ta kang la­gi ngan­dhut.
Upa­ca­ra si­ram­an dhe­we di­lek­sa­na­ka­ke wan­ci jam 11.00 WIB amar­ga di­pra­ca­ya pa­ra hap­sa­ri uga tu­mu­run sa­ka ka­yang­an sap­re­lu arep adus. De­ne kang mim­pin si­ram­an ya­ku­wi dhu­kun, de­ne kang nyi­ram wa­ni­ta kang ngan­dhut yai­ku pa­ra pi­ni­se­puh put­ri kang ca­ca­he pi­tu ut­awa sang­ang wong. Cid­huk ba­nyu kang di­ang­go ku­du sa­ka ba­thok ut­awa si­wur.
“Sa­du­ru­nge si­ram­an, wa­ni­ta kang ngan­dhut di­lu­lur lu­wih dhi­sik ngang­go gle­pung be­ras man­ca­war­na di­cam­pur ma­ngir, pan­dhan wa­ngi kang wus di­ra­jang lem­but lan god­hong ke­mu­ning kang wus di­pi­pis. Nang­ing uga ana sum­ber li­ya kang nye­bu­ta­ke pi­ran­ti kang di­gu­na­ka­ke ngre­si­ki ca­ca­he pi­tung ru­pa ya­ku­wi we­dhak agal, se­dheng lan lem­but, ma­ngir, sin­dhu, lu­lur lan asem,” ja­re­ne Pra­se­tyo.
Pa­pan kang­go lung­gu­he wa­ni­ta kang la­gi ngan­dhut iku aru­pa dhing­klik ci­lik kang di­lam­bari god­hong apa-apa, sa­li­ya­ne itu uga god­hong klu­wih, ka­ra, ma­ja, dha­dhap se­rep, alang-alang, kla­sa men­dhong, dhing­klik uga di­lam­bari ka­in war­na-war­na, con­to­ne sin­dur, ja­rit kan­thi mo­tif yu­yu se­kan­dhang.
Pa­dus­an kak­ro­bong ut­awa di­tu­tup ngang­go ka­in ja­rit mo­tif rang­ra­ngan ut­awa cin­dhe. Pa­dus­an iki ana ing la­tar si­sih ki­wa ut­awa te­ngen omah kan­thi la­wang nga­dhep nget­an. Kro­bong di­ri­as ngang­go tu­wuh­an jang­kep aru­pa pi­sang, te­bu lan ceng­kir ga­dhing.
Ing Se­rat Ta­ta­ca­ra ang­git­ane Ki Pad­ma­su­sas­tra ka­se­bu­ta­ke, ram­pung si­ram­an ban­jur gan­ti ka­in pa­sat­an lan di­ube­di let­rek ut­awa ka­in ja­rit kang log­ro sar­ta di­ang­go­ni sa­buk sa­ka god­hong te­bu tu­lak. Sa­ka nje­ro let­rek ku­wi pi­ni­se­puh ngle­bok­a­ke tro­pong ing nje­ro ja­rit lan nyeb­lok­ake. Sa­ban­ju­re sa­buk mau di­po­tong ngang­go ke­ris. Sa­wu­se ped­hot, bo­jo­ne wa­ni­ta kang la­gi ngan­dhut iku dia­kon lunga tan­pa pa­mit. Be­ba­reng­an ka­ro ku­wi ibu Mara­tu­wa mban­ting en­dhog pi­tik men­tah lan ba­pa­ke me­cah ceng­kir ga­dhing kang wus di­gam­bari Ka­ma­ja­ya-Ka­ma­ra­tih, Ja­na­ka-Su­ba­dra, ut­awa Pan­ji lan Can­dra Ki­ra­na, ban­jur di­si­gar da­di lo­ro. Na­li­ka me­cah ceng­kir di­re­wa­ngi ba­pak kan­dhu­nge wa­ni­ta kang la­gi ngan­dhut ku­wi.
Wa­ni­ta kang ngan­dhut ban­jur di­iring mle­bu omah lan nga­deg ing nga­rep pe­ta­nen. Ing pa­pan ku­wi wus di­ce­pa­ka­ke sin­jang lan kem­ben ca­cah pi­tu. Sa­te­ru­se pa­ra pi­ni­se­puh ngang­go­ka­ke ja­rit iku mba­ka si­ji. Ram­pung ngang­go si­ji ban­jur di­ucu­li, ban­jur di­ang­go­ka­ke ma­neh li­ya­ne. Ngo­no te­rus ngan­ti ka­ping enem lan pa­ra pi­ni­se­puh mes­thi ngo­mong du­rung pa­tut. Kang pung­kas­an, pa­ra pi­ni­se­puh ngang­go­ka­ke ja­rik trun­tum kem­ben mo­tif ba­ngo­tu­lak. Be­ba­reng­an ka­ro ku­wi, pa­ra pi­ni­se­puh pa­dha ngo­mong wis pa­tut.
B.     Upacara Adat Sawise Lair
    1.)Tedhak Siten
Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan utawa 6 lapan. Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné sing diarani upacara injak tanah ing dhaérah Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani "mudhun lemah" lan "udhun-udhunan".
Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak, idhak utawa mudhun lan sitèn (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakaké yèn umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina.
Sebabe Dianakake
Upacara Tedhak sitèn dianakaké amarga ana kapitayan masyarakat Jawa yèn lemah iku nduwéni makna ghoib lan dijagaBathara Kala. Kanggo ngindari kadadéyan sing ora becik, mula dianakaké upacara ngenalaké putra-putriné marangBathara Kala minangka sing njaga lemah. Anggone nglakoni upacara iki, luwih becik miturut weton.
Ubarampe Upacara Tedhak Siten
Ubarampé kanggo upacara tedhak sitèn akèh, kayata:
·         Pengaron sing diisi kembang setaman.
·         Kurungan, kanggo nggambaraké yén donyané anak isih sithik utawa ciut.
·         Werna-werna barang sing diséléhaké sajroning kurungan kang nggambaraké suwèné urip, manungsa duwé kawajiban nggolèk "nafkah", kayata:
1.     Pari sabengket
2.     Kapuk sabengket
3.     Piranti nulis
4.     Bokor kang diisi beras kuning
5.     Werna-werna jinis dhuwit
6.     "Perhiasan"
·         Klasa sing isih anyar, kanggo lémèk ning jeroning kurungan.
·         Bakaran pitik, kang nggambaraké pedoman uripé anak.
·         Tangga tebu "arjuna", ya iku tebu sing wernané ungu kang nggambaraké undhak-undhakané urip sing arep dilakoni anak.
·         Jadah pitung werna, ya iku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Tegesé kanggo ngemutaké anak yén urip kudu waspada saka godaan werna-werna.
·         Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagékake marang para tamu sing teka.
Urutané upacara tedhak sitèn
·         Tedhak jadah pitung warna: ya iku anak mlangkah utawa ngidak jadah pitung warna kang diréwangi ngidak déning ibu, jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna sing peteng, iku kabèh perlambang déné urip iku ora gampang nanging kabéh alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.
·         Munggah andha tebu arjuna: tebu iku pralambang antebing kalbu, supaya anggoné nitih urip ning donya iki bakal manteb lan tebu arjuna pralambang supaya anak sing munggah tebu iku bisa duwéni solah bawa kaya déné arjuna.
·         Kurungan: kurungan iku pralambang urip ing donya iki, ing jero kurungan diwénéhi akèh dolanan lan ubarampé pagawéan kayata kertas, gunting, pethèt lan liya liyané, dolanan utawa ubarampé pagawéan sing dipilih déning anak iku kaya tandha bésuk bakal duwéni pagawéan mau.
·         Siraman: kanggo nyucèni raga lan jiwa, muga muga bisa gawa jeneng arum kanggo kaluwarga kayata banyu kembang sing kanggo acara siraman anak mau.

      2.)Pengantenan                                                                                                                                                       
Upacara Pengantenan adat Jawa iku salah siwijiné upacara sakral adat Jawa sing nduwé rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki nglambangaké pepanggihan antarané pengantèn putri lan penganten priya neng kahanan sing kusus kadosdéné raja lan ratu.
Padatan, rantaman inti upacara diselenggarakake neng dalemé pengantèn putri, sing dadi pamangku gati yaiku 
wongtua utawa kaluwarga pengantèn putri nanging tetep dibantu déning kaluwarga saking pengantèn kakung.
Rantaman adicara pengantènan adat 
Jawa ing saben dhaérah béda miturut ekonomi saben kaluwarga.
Upacara-upacara pengantèn adat Jawa antarané:

Siraman

Acara siraman iku sejatiné upacara perlambang kanggo ngresikake jiwa calon pengantèn. Upacara iki diselenggarakaké sedina sadurungé ijab kabul lan dilakokaké ing omahé calon pengantèn putri lan kakung, padatan ing bageyan omah sing rada amba kaya ing mburi omah utawa ing tamanngarep omah. Sing nyiram sepisan padatan wong tua calon mantèn banjur sedulur liyané uga kalebu pemaes.

Midodaren

Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki duwe kekarepan yen mbengi sakdurunge acara mantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.

Srah-srahan

Srah-srahan iku uga diwastani "asok tukon" yaiku calon pengantèn kakung mènèhaké uba rampe lan ragat sing bakal kanggo ngleksanakaké pahargyan penganténan. Tuladhané uba rampé, kayata: beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liya-liyane. Saliyané iku sing paling penting ana ing pepasrahan yaiku dhuwit sing tumprapé kanggo ngragati upacara pahargyan ing omahé pengantèn putri.

Ijab kabul

Ijab kabul yaiku acara nalika pengantèn kakung ngucapaké janji bebojoan karo pengantèn putri lan diseksèni wong akèh supaya bisa sah nikahé.

Upacara panggih

Sarampunge acara ijab kabul (akad nikah)dianakake acara Panggih. Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan didelehake neng prapatan cedhak omah. Tujuané yaiku kanggo ngusir roh jahat. Sawise iku pengantèn putri ketemu (panggih) karo pengantèn kakung kanggo nerusaké upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dhahar klimah, Mertui, lan Sungkeman.

Upacara balangan suruh

Upacara balang suruh minangka pralambang sih katresnan lan kasetyan ing antarané pengantèn kakung lan putri.

Upacara wiji dadi

Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur pengantèn putri misuhi/ngresiki sikil/ampeyané pengantèn kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka prelambang sawijining kepala kaluwarga sing tanggung jawab marang kaluwargane.

Pupuk

Ibu pengantèn putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha ikhlas nampa manten kakung mau dadi bageyan kulawargane.

Sinduran

Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha pinangantèn sak kloron wis tinampa dadi kulawarga.

Timbang

Pinangantèn sak kloron lungguh ing pangkonané bapaké pengantèn putri, minangka perlambang katresnané wong tuwa marang anak padha karo mantu.

Dhékorasi

Dhékorasi dipasang wonten ing dhaleme sing duwe gawe, wernané wonten kathah.

Dhahar Klimah

Pengantèn kekalih dhahar dulang-dulangan minangka pralambang pinangantèn kekalih arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.

Mertui

Wong tuwane pengantèn putri methuk wong tuwané pengantèn kakung ing ngarep omah lan bebarengan tindak menyang acara resepsi.

Sungkeman

Pinangantèn sak kloron sungkem nyuwun pangèstu marang wong tuwa kekalih.

Kendurèn / resèpsi

Kendurèn utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantènan, uga kadang diarani resèpsi utawawalimahan. Sejatiné kagiyatan iki nduwé makna upacara slametan, slamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggarakaké. Ing acara iki, pasangan pengantèn nrima mangayubagya saka sedulur, kanca uga kabeh sing teka ing acara iki.

Dhékorasi

Dhékorasi dipasang ing dhalemipun ingkang gadhah dhamel, wernané wonten kathah.

Masang Tarub

Masang tarub gumantung wonten dhalemipun ingkang gadhah dalem punika.

Pemaes

Upacara paesing calon pengantèn putri ing wanci sabibaripun upacara siraman, kajibahan ditindhakke juru paes utawi dhukun pengantèn.
      3.)Ruwatan
Ruwatan iku salah sijining upacara adat Jawa sing ancasé kanggo mbébasake wong komunitas utawa wewengkon saka ancaman bebaya. Inti upacara ruwatan iki sejatiné arupa ndonga, nyuwun pangayoman marang Gusti Allah saka ancaman bebaya-bebaya umpamané bencana alam lan liyané, uga ndonga nyuwun pengampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing wis dilakoni sing isa nyebabaké bencana.
Upacara adat iki asalé saka ajaran budaya Jawa kuna sing sifaté sinkretis sing saiki diadaptasi lan disesuaiké karo ajaranagama.
Maknane Ruwatan sejatine reresik diri saka sakehing dosa lan panggawe ala, ngedhekake rasa panembah marang Gusti kang akarya jagad dimen rahayu uripe. Tembung "Ruwat" uga ateges "bebas" saka sakehing goda,coba lan rencana, bebendu, dosa lara lan sapanunggalane. Ruwatan iku salah sijining upacara adat Jawa sing tujuwané kanggo mbébasaké wong, masarakat utawa wewengkon saka ancaman bebendu. Inti upacara ruwatan iki sejatiné ndonga, njaluk pangayoman marang Gusti Allah saka ancaman bebendu umpamané bencana alam lan liyané, uga ndonga njaluk pngampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing uwis dilakoni sing bisa njalari bencana.lan dingo tulak bala ana ing sawijining désa,
Ing kapercayan wong Jawa, ana wanti-wanti supaya wong kang lagi mbobot (ngandhut) ora pati cerak-cerak (nyedhak) ing papan kang lagi ana ruwatan. Amarga daya lan kakuwatan seka ruwatan kang lagi di patrapke bisa marai gugurake calon jabang bayi. Ujaré, kakuwatan iki saka dayaning Ilmu Waringin Sungsang (aksara caraka diwalik).
Upacara adat iki asalé saka carita Bathara Kala ya iku buta sing doyan mangan menungsa. Bathara Kala iku putraBathara Guru utawa putu para déwa.
ngantèn putri ing griya tiyang sepuhipun. 

                
Suka Artikel? Bagikan: Facebook Twitter Google+

2 Comments

avatar
Balas
Jennieshi delete July 20, 2018 at 10:29 PM

Terima kasih infonya sngat membantu

avatar
Balas
Unknown delete November 8, 2020 at 5:16 PM

👍

Newer Post Older Post Home
Subscribe to: Post Comments (Atom)

Mengenai Saya

Unknown
View my complete profile

Entri Populer

  • Macam-macam Nomor Lari Atletik
    Pembagian Jenis Lari di bagi menjadi beberapa bagian di antaranya bisa saya jelaskan lebih lanjut dengan uraian kata dibawah ini; ...
  • Macam-macam upacara adat jawa
    Macam-macam upacara adat jawa   1.)Ngupat Ngupat utawa ngupati iku salah sijining upacara adat...
  • Contoh Karya Tulis Tentang PENGARUH BAHASA INDONESIA DALAM KEHIDUPAN SEHARI-HARI
    InstaInfo - Karya ilmiah ( bahasa Inggris : scientific paper ) adalah laporan tertulis dan diterbitkan yang memaparkan hasil peneli...
  • Contoh Makalah Tentang Tanaman Obat
    InstaInfo - Karya ilmiah ( bahasa Inggris : scientific paper ) adalah laporan tertulis dan diterbitkan yang memaparkan hasil peneliti...
  • PERADABAN CHINA KUNO  (HOANG HO)
    PERADABAN CHINA KUNO (HOANG HO)
    PERADABAN CHINA KUNO (HOANG HO)   Geografis dan Demografi Cina Kuno Letak Geografis Wilayah Pegunungan Cina terbagi menj...
  • Cara Mudah Internetan Gratis Menggunakan Psiphon di Android dan PC
    InstaInfo - Baru-baru ini para pecinta internet gratisan baru deman dengan aplikasi yang bernama Psiphon. Aplikasi ini adalah salah satu...
  • Cara Cheat Game COC Terbaru
    Cara Cheat Game COC Terbaru
    InstaInfo - Cara cheat Clash of Clans gems, gold dan elixir terbaru 2016  - semua yang berhubungan dengan game tidak lepas dari cheat dan...
  • Kode Kode Unik Facebook untuk Update Status Dan Komentar
    Kode Kode Unik Facebook untuk Update Status Dan Komentar
    InstaInfo - Sampe saat ini facebook adalah salah satu social network yang di minati dan di aplikasikan oleh semua orang di dunia tak meng...
  • Cara Hack Jaringan Wifi WPA2 Dengan Menggunakan Android
    Cara Hack Jaringan Wifi WPA2 Dengan Menggunakan Android
    InstaInfo - Nah kali ini kami akan membuat tutorial bagaimana cara hack wifi WPA2 menggunakan Smartphone Android. Jika anda gagal dengan...
  • Cara Menambah Follower Instagram Dengan Mudah
    InstaInfo - Di instagram, secara alami jika ingin memiliki followers maka haruslah memfollows teman kamu terlebih dahulu kemudian memint...
Copyright 2013 InstaInfo - All Rights Reserved
Template by Dian Anarchyta - Powered Blogger