Macam-macam upacara adat jawa
1.)Ngupat
Ngupat utawa ngupati iku salah sijining upacara
adat sing dianakaké wektu calon ibu mbobot 4 sasi. Tembung "ngupat" asalé saka tembung papat (4)
utawa kupat. Ancasé
upacara adat iki kanggo kaslametané calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing
sifaté tolak bala dadi padha karo upacara adat mitoni. Sing
radha bedha karo upacara adat meteng liyané ya iku ana sajian kupat ing kendhuren
ngupati, kupat iki uga disertakaké ing bèsèk sing
digawa bali undangan sing hadir.
Makna
Ngupat sejatiné kanggo pralambang
yèn jabang bayi wis mlebu ning tahap kaping papat ning proses pangriptané
manungsa.
Wektu
Upacara adat ngupat kudu
diselenggarakaké ning dina sing apik miturut petungan dina Jawa.
2.)Mitoni
Mitoni
iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu
nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné
utawa kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga
diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut
pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku
wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni
iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman,
nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak,
salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa
lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan
pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak
sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing
temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti
mbengi.
Rangkeyan Acara Rantaman adicara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang
upacara ngupati, urut-urutan yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ing
njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan nglebokake
cengkir klapa gadhing, medhot lawe utawa lilitan benang janur, mecahake wajan
lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan kendhuri kendhuren.
Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep. Wektu Miturut adat
Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan
nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan
‘purnamasidhi’.
Tata
Carane
Masarakat
Jawa tansah ora uwal saka tatacara adat tradhisi. Apa maneh kang gegayutan
karo sangkan paraning manungsa. Wiwit manungsa ana njero kandhutan
nganti manungsa surut ing kaseban jati, tansah diiring kanthi adat
tradhisi kang digelar ing wayah tartamtu.
Dene tatacara lan upacara tradhisi kang digelar nalika sawijining
wanita lagi ngandhut duwe pangajab supaya ibu lan anak utawa wiji dadi
kang dikandhut tansah wilujeng nir sambikala. Pangajab liyane, bayi
kang dilairake mbesuke bisa antuk kabegjan uripe.
Maneka tatacara dilakoni nalika kandhutan wiwit umur telung sasi
ana wilujengan utawa selametan nigang wulani, petang sasi, limang
sasi, enem sasi, pitung sasi kang disebut mitoni, sarta sangang sasi
kang disebut procotan.
Miturut Prasetyo Adi Wisnu Wibowo, dhosen Sastra Daerah FSSR UNS Solo,
kanggo njaga supaya jabang bayi bisa slamet nalika ing kandhutan
nganti wancine lair, wong Jawa ngleksanakake maneka warna wilujengan.
Maneka upacara tradhisi lumrah dilakoni jroning cakra manggilingan
uripe manungsa Jawa nalika wanita lagi ngandhut wiwit umur kandhutan
sesasi nganti sangang sasi.
“Dene nalika umur kandhutan wus ngancik pitung sasi, diadani upacara
slametan kang disebut mitoni utawa tingkeban. Mitoni iki dilakoni
dening wong Jawa mligine nalika wanita lagi ngandhut kang kapisan
utawa mbobot tembean,” ujare Prasetyo, ing andharane jroning sawijining
pirembugan ing FSSR, sawetara wektu kapungkur.
Upacara mitoni utawa wilujengan pitung wulanan iki lumrahe nganggo
ubarampe kang disedhiyani dening kulawarga wanita kang nembe ngandhut.
Ubarampe slametan nglimputi sekul janganan, jenang abrit, jenang baro-baro,
jajan pasar lan sriyatan kang ginawe saka wijen, dhele, kacang kang
kagangsa ing gendhis. Saliyane iku uga cengkaruk timbal, penyon,
pring sadhapur lan tumpeng robyong kang arupa tumpeng dicemplungake
ing cething, diwenehi iwak kebo lan endhog godhog, gereh, krupuk. Ubarampe
liyane awujud janganan mentah kayata lombok, terong, janganan lan
sawetara jinis kembang-kembangan. Tumpeng janganan digawe cacah pitu
dijangkepi pitung iji apem conthong.
Jroning upacara mitoni iku uga ana tatacara gantos penganggen ngantos
kaping pitu kang sabanjure disebut tingkeban. Nut Serat Tatacara
anggitane Ki Padmasusastra, upacara tingkeban iki dileksanakake
nalika tanggal ganjil tanpa ngliwati purnama (sadurunge tanggal
15, upamane tanggal 3, 5, 7, 9, 11, 13 lan 15). “Upacara mitoni utawa
tingkeban diadani jalaran nurut kaprecayane wong Jawa, bayi ing
kandhutan nalika umur pitung wulan wis diparingi nyawa dening Pangeran.
Dene ritual baku jroning upacara mitoni yakuwi siraman lan ganti
busana nganti kaping pitu,” ujare Prasetyo.
Tata
Cara Siraman
Tata
carane siraman, ing papan kang wus ditemtokake dicepakake jembangan
wadhah banyu kang wus diwenehi kembang setaman. Banyu kang wus diwenehi
kembang setaman kuwi dianggo siraman wanita kang lagi ngandhut.
Upacara siraman dhewe dileksanakake wanci jam 11.00 WIB amarga dipracaya
para hapsari uga tumurun saka kayangan saprelu arep adus. Dene kang
mimpin siraman yakuwi dhukun, dene kang nyiram wanita kang ngandhut
yaiku para pinisepuh putri kang cacahe pitu utawa sangang wong. Cidhuk
banyu kang dianggo kudu saka bathok utawa siwur.
“Sadurunge siraman, wanita kang ngandhut dilulur luwih dhisik nganggo
glepung beras mancawarna dicampur mangir, pandhan wangi kang wus dirajang
lembut lan godhong kemuning kang wus dipipis. Nanging uga ana sumber liya
kang nyebutake piranti kang digunakake ngresiki cacahe pitung rupa
yakuwi wedhak agal, sedheng lan lembut, mangir, sindhu, lulur lan
asem,” jarene Prasetyo.
Papan kanggo lungguhe wanita kang lagi ngandhut iku arupa dhingklik
cilik kang dilambari godhong apa-apa, saliyane itu uga godhong kluwih,
kara, maja, dhadhap serep, alang-alang, klasa mendhong, dhingklik uga dilambari
kain warna-warna, contone sindur, jarit kanthi motif yuyu sekandhang.
Padusan kakrobong utawa ditutup nganggo kain jarit motif rangrangan
utawa cindhe. Padusan iki ana ing latar sisih kiwa utawa tengen omah
kanthi lawang ngadhep ngetan. Krobong dirias nganggo tuwuhan jangkep
arupa pisang, tebu lan cengkir gadhing.
Ing Serat Tatacara anggitane Ki Padmasusastra kasebutake, rampung
siraman banjur ganti kain pasatan lan diubedi letrek utawa kain jarit
kang logro sarta dianggoni sabuk saka godhong tebu tulak. Saka njero
letrek kuwi pinisepuh nglebokake tropong ing njero jarit lan nyeblokake.
Sabanjure sabuk mau dipotong nganggo keris. Sawuse pedhot, bojone
wanita kang lagi ngandhut iku diakon lunga tanpa pamit. Bebarengan karo
kuwi ibu Maratuwa mbanting endhog pitik mentah lan bapake mecah cengkir
gadhing kang wus digambari Kamajaya-Kamaratih, Janaka-Subadra, utawa
Panji lan Candra Kirana, banjur disigar dadi loro. Nalika mecah
cengkir direwangi bapak kandhunge wanita kang lagi ngandhut kuwi.
Wanita kang ngandhut banjur diiring mlebu omah lan ngadeg ing ngarep petanen.
Ing papan kuwi wus dicepakake sinjang lan kemben cacah pitu. Sateruse
para pinisepuh nganggokake jarit iku mbaka siji. Rampung nganggo siji
banjur diuculi, banjur dianggokake maneh liyane. Ngono terus nganti
kaping enem lan para pinisepuh mesthi ngomong durung patut. Kang pungkasan,
para pinisepuh nganggokake jarik truntum kemben motif bangotulak.
Bebarengan karo kuwi, para pinisepuh padha ngomong wis patut.
B.
Upacara
Adat Sawise Lair
1.)Tedhak Siten
Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji
upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan
utawa 6 lapan. Upacara
iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné sing diarani upacara injak
tanah ing dhaérah Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani
"mudhun lemah" lan "udhun-udhunan".
Tedhak
sitèn iku asalé saka tembung tedhak, idhak utawa mudhun lan sitèn (saka tembung siti)
utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani
urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakaké yèn umur bocah wis
7 selapan utawa 245 dina.
Upacara Tedhak
sitèn dianakaké amarga ana kapitayan masyarakat Jawa yèn lemah iku nduwéni makna ghoib lan
dijagaBathara Kala. Kanggo ngindari kadadéyan sing ora becik, mula dianakaké upacara ngenalaké putra-putriné marangBathara Kala minangka sing njaga lemah. Anggone
nglakoni upacara iki, luwih becik miturut weton.
Ubarampe Upacara Tedhak Siten
Ubarampé
kanggo upacara tedhak sitèn akèh, kayata:
·
Kurungan, kanggo nggambaraké yén donyané anak isih
sithik utawa ciut.
·
Werna-werna barang
sing diséléhaké sajroning kurungan kang nggambaraké suwèné urip, manungsa duwé
kawajiban nggolèk "nafkah", kayata:
3.
Piranti nulis
4.
Bokor kang
diisi beras kuning
5.
Werna-werna jinis
dhuwit
6.
"Perhiasan"
·
Klasa sing
isih anyar, kanggo lémèk ning jeroning kurungan.
·
Bakaran pitik, kang nggambaraké pedoman uripé anak.
·
Tangga tebu
"arjuna", ya iku tebu sing wernané ungu kang nggambaraké
undhak-undhakané urip sing arep dilakoni anak.
·
Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagékake marang para tamu sing
teka.
Urutané upacara tedhak sitèn
·
Tedhak jadah pitung warna: ya iku anak mlangkah utawa ngidak jadah
pitung warna kang diréwangi ngidak déning ibu, jadah ditata saka warna sing
padhang nganti warna sing peteng, iku kabèh perlambang déné urip iku ora
gampang nanging kabéh alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan
kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.
·
Munggah andha tebu
arjuna: tebu iku pralambang antebing kalbu, supaya
anggoné nitih urip ning donya iki bakal manteb lan tebu arjuna pralambang supaya anak sing munggah tebu
iku bisa duwéni solah bawa kaya déné arjuna.
·
Kurungan: kurungan iku
pralambang urip ing donya iki, ing jero kurungan diwénéhi akèh dolanan lan
ubarampé pagawéan kayata kertas, gunting, pethèt lan liya liyané, dolanan utawa ubarampé
pagawéan sing dipilih déning anak iku kaya tandha bésuk bakal duwéni pagawéan
mau.
·
Siraman: kanggo
nyucèni raga lan jiwa, muga muga bisa gawa jeneng arum kanggo kaluwarga kayata banyu kembang sing kanggo acara siraman anak mau.
2.)Pengantenan
Upacara Pengantenan adat
Jawa iku salah siwijiné upacara sakral adat Jawa sing nduwé rantaman upacara
lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki nglambangaké pepanggihan
antarané pengantèn putri lan penganten priya neng kahanan sing kusus kadosdéné raja lan ratu.
Padatan, rantaman inti upacara diselenggarakake
neng dalemé pengantèn putri, sing dadi pamangku gati yaiku wongtua utawa kaluwarga pengantèn
putri nanging tetep dibantu déning kaluwarga saking pengantèn kakung.
Rantaman adicara pengantènan adat Jawa ing
saben dhaérah béda miturut ekonomi saben
kaluwarga.
Upacara-upacara pengantèn adat Jawa antarané:
Siraman
Acara
siraman iku sejatiné upacara perlambang kanggo ngresikake jiwa calon pengantèn. Upacara iki diselenggarakaké sedina sadurungé ijab kabul lan
dilakokaké ing omahé calon pengantèn putri lan kakung, padatan ing bageyan omah
sing rada amba kaya ing mburi omah utawa ing tamanngarep
omah. Sing nyiram sepisan padatan wong tua calon
mantèn banjur sedulur liyané
uga kalebu pemaes.
Midodaren
Tembung
midodaren iku asale saka basa
Jawa yaiku widodari utawa
bidadari neng basa
Indonesia. Acara iki duwe kekarepan
yen mbengi sakdurunge acara mantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo
aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten
putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar
wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur
putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.
Srah-srahan
Srah-srahan
iku uga diwastani "asok tukon" yaiku calon pengantèn kakung mènèhaké
uba rampe lan ragat sing bakal kanggo ngleksanakaké pahargyan penganténan.
Tuladhané uba rampé, kayata: beras, sayuran, pitik, jajan
pasar lan liya-liyane. Saliyané iku sing paling penting ana ing
pepasrahan yaiku dhuwit sing
tumprapé kanggo ngragati upacara pahargyan ing omahé pengantèn putri.
Ijab kabul
Ijab
kabul yaiku acara nalika pengantèn kakung ngucapaké janji bebojoan karo
pengantèn putri lan diseksèni wong akèh supaya bisa sah nikahé.
Upacara panggih
Sarampunge
acara ijab kabul (akad nikah)dianakake acara Panggih. Ing acara iki kembang mayang digawa
metu saka omah lan didelehake neng prapatan cedhak omah. Tujuané yaiku kanggo
ngusir roh jahat. Sawise iku pengantèn putri ketemu (panggih) karo pengantèn
kakung kanggo nerusaké upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran,
Timbang, Kacar-kucur, Dhahar klimah, Mertui, lan Sungkeman.
Upacara balangan
suruh
Upacara
balang suruh minangka pralambang sih katresnan lan kasetyan ing antarané
pengantèn kakung lan putri.
Upacara wiji
dadi
Penganten
kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur pengantèn putri misuhi/ngresiki
sikil/ampeyané pengantèn kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka
prelambang sawijining kepala kaluwarga sing tanggung jawab marang kaluwargane.
Pupuk
Ibu
pengantèn putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha ikhlas
nampa manten kakung mau dadi bageyan kulawargane.
Sinduran
Lumampah
alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha pinangantèn sak kloron
wis tinampa dadi kulawarga.
Timbang
Pinangantèn
sak kloron lungguh ing pangkonané bapaké pengantèn putri, minangka perlambang
katresnané wong tuwa marang anak padha karo mantu.
Dhékorasi
Dhékorasi
dipasang wonten ing dhaleme sing duwe gawe, wernané wonten kathah.
Dhahar Klimah
Pengantèn
kekalih dhahar dulang-dulangan minangka pralambang pinangantèn kekalih arep
urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
Mertui
Wong
tuwane pengantèn putri methuk wong tuwané pengantèn kakung ing ngarep omah lan
bebarengan tindak menyang acara resepsi.
Sungkeman
Pinangantèn
sak kloron sungkem nyuwun pangèstu marang wong tuwa kekalih.
Kendurèn /
resèpsi
Kendurèn utawa
kenduri iku dadi puncak acara pengantènan, uga kadang diarani resèpsi utawawalimahan. Sejatiné kagiyatan iki nduwé makna upacara
slametan, slamet merga inti
acarane yaiku ijab kabul wis
rampung diselenggarakaké. Ing acara iki, pasangan pengantèn nrima
mangayubagya saka sedulur, kanca uga kabeh sing teka ing acara iki.
Dhékorasi
Dhékorasi
dipasang ing dhalemipun ingkang gadhah dhamel, wernané wonten kathah.
Masang
Tarub
Masang
tarub gumantung wonten dhalemipun ingkang gadhah dalem punika.
Pemaes
Upacara
paesing calon pengantèn putri ing wanci sabibaripun upacara siraman, kajibahan
ditindhakke juru paes utawi dhukun pengantèn.
3.)Ruwatan
Ruwatan iku
salah sijining upacara
adat Jawa sing ancasé
kanggo mbébasake wong komunitas utawa wewengkon saka ancaman bebaya. Inti
upacara ruwatan iki sejatiné arupa ndonga, nyuwun pangayoman marang Gusti
Allah saka ancaman
bebaya-bebaya umpamané bencana alam lan liyané, uga ndonga nyuwun
pengampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing wis dilakoni sing isa nyebabaké
bencana.
Upacara
adat iki asalé saka ajaran budaya Jawa kuna sing sifaté sinkretis sing
saiki diadaptasi lan disesuaiké karo ajaranagama.
Maknane
Ruwatan sejatine reresik diri saka sakehing dosa lan panggawe ala, ngedhekake
rasa panembah marang Gusti kang akarya jagad dimen rahayu uripe. Tembung
"Ruwat" uga ateges "bebas" saka sakehing goda,coba lan
rencana, bebendu, dosa lara lan sapanunggalane. Ruwatan iku salah sijining
upacara adat Jawa sing tujuwané kanggo mbébasaké wong, masarakat utawa
wewengkon saka ancaman bebendu. Inti upacara ruwatan iki sejatiné ndonga,
njaluk pangayoman marang Gusti Allah saka ancaman bebendu umpamané bencana alam
lan liyané, uga ndonga njaluk pngampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing
uwis dilakoni sing bisa njalari bencana.lan dingo tulak bala ana ing sawijining
désa,
Ing
kapercayan wong Jawa, ana wanti-wanti supaya wong kang lagi mbobot (ngandhut)
ora pati cerak-cerak (nyedhak) ing papan kang lagi ana ruwatan. Amarga daya lan
kakuwatan seka ruwatan kang lagi di patrapke bisa marai gugurake calon jabang
bayi. Ujaré, kakuwatan iki saka dayaning Ilmu Waringin Sungsang (aksara caraka
diwalik).
ngantèn
putri ing griya tiyang sepuhipun.