Suwijining
ndina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku-mlaku ning
pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh seka
ngendi. Kucing dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut
daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah-kata
kang mendhemi, Kucing rumangsa isa ngrebut empal saka anak thekek sing miturut
pengamatane isih mentah, kurang pengalaman.
"Hai
Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis
kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?
Thekek
bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke meneng
wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning
njobin.
Kucing
ora kurang akal, banjur takon meneh
"Hai
Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki
iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?
Thekek
meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning tembok kuwi
ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe rasah
diajari sapa-sapa.
Kucing
nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.
"Hai
Thekek, suaramu kuwi tak akoni pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak
lagu wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"
Anak
Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep
nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing
nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang
rupane mranani kuwi.
Mbokne
rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir
nalika dialembana dening sosok kang pasuryane mranani ati (Undil - 2012).